Sedulur-sedulur, mangga nglengkapi Wikipédia Basa Banyumasan, sedulur kabéh olih nambah, ngobah, nyisipna mbuh tulisan utawa gambar, sing penting apa baén sing dimuat kuwe ora nyalaih aturan pemeréntah, agama, tata krama lan liya-liyané, artiné sing pantes-pantes utawa wajar tur cocok karo ketentuan Wikipedia. Mangga uga deleng halaman Takon (FAQ) sing cokan dadi pitakonan, uga halaman Bantuan (hélp) nggo nggolét bantuan nyunting nang Wikipedia Banyumasan kiyé. Nggo njajal mangga njajal nyunting nang kothak njajal! Isi Wikipedia kuwé debawah naungan Lisénsi Dokuméntasi Bébas GNU, dadi aturané bébas ning sing manut aturan umum karo bertanggungjawab. Deleng uga aturan-aturan Hak Cipta sing mengatur bab latar belakang hak cipta, sumber terbuka karo isi bébas.
Mangga kakang-kakang, mbekayu-mbekayu ...
Jumlah artikel/tulisan Wikipedia edisi Basa Banyumasan siki wis lewih sekang1,088artikel.
Ensiklopédhia Bébas Basa mBanyumasan
Wikipedia basa mBanyumasan / map-bms.wikipedia.org(map = rumpun basa Austronesia, bms = Banyumasan) kiye mencakup sekabehe sub dialek kelompok basa Jawa bagian kulon utawa sing melebu tlatah propinsi Jawa Tengah sisi kulon ditambah sub dialek Banten Lor karo sub dialek Cirebon/Indramayu (Crebonan/Dermayu).
Dialek Tegalan, sub dialek Bumiayu (dialek peralihan) karo dialek Banyumas kuwe biasane digabung dadi siji merga budaya, karakter tur kosa kata sing meh pada. Telu dialek kuwe mau uga lumrah diarani basa penginyongan utawa basa ngapak-ngapak.
Budaya Banyumasan maksude : akal budi, pikiran karo hasil kréativitas masyarakat Banyumasan sing urip uga manunggale wujud tindakan karo aktivitas sinambung sing nduwéni karakter karo pola-pola tinentu.
Basa Banyumasan maksude : pitutur/omongan sing nganggo sistematika tinentu sing dituturaken masyarakat Banyumasan kanggo makili wujude benda, tingkah/polah, gagasan karo kahanan. Basa Banyumasan utawa biasa diarani basa ngapak-ngapak dadi salah sijiné ciri wanci/idéntitas masyarakat Banyumasan.
Watek/karakter Banyumasan maksude : sikap mental karo budi pekerti sing secara turun temurun urip nang sakjroning masyarakat Banyumasan. Karakter Banyumasan uga dadi idéntitas masyarakat Banyumasan.
Artikel Pilihan Siki
Tsunami
Tsunami (basa Jepang: 津波; makna harafiah artine "ombak gedhe nang pelabuhan") kuwe ombak sing timbul bar kedaden lindu, gunung mbledug utawa ana hantaman meteor nang segara. Angger banyu segara kuwe wis diguncang, ombake dadi lewih dhuwur nek wis tekan pantai. Tsunami umume marakna kerusakan erosi karo korban jiwa nang wilayah pesisir pantai karo kepulauan.
Umume pantai-pantai karo pulau-pulau nang sekitar samudra Pasifik kuwe rawan bencana tsunami sebabe antarane:
Alkhamdulillah, nang wulan puasa kiye inyong bisa nglakoni puasa nganti dina miki. Durung tau medhot babar pisan. Muga-muga bae bisa tutug nganti bada. Jane wong kaya penginyongan nglakoni puasa, nek depikir abote ora etung. Jajal, awane wis wetenge kencot kudu ngetokna tenaga nggo nggolet cucukan. Wengine kurang turune. Iya ora Kang Taslim?” omonge Duslam mbukak dopokan nang gerdhu Kamling winginane mbengi.